Andai saja bahagia itu tidak bersyarat, maka bunga mawar tidak perlu berduri

Senin, 08 April 2013

Lirik Lagu Tradisional: Podho Nginang

Podho nginang, wong blangbangan nolak penjajahan
Dalem puger nyerbu VOC perang puputan
Agung Wilis langsung mimpin perang gerilyo

Haram mundur awak ajur ilang kubure
Podho nginang soyo abang rakyat blambangan
Soyo branang, soyo murup perlawanan
Akeh pati dadi kembange bayu alit
Rakyat bayu lanang wadhon belo pati

Ojo ngiro perang leren rakyat wedi paman
Tetes getihe Agung Wilis belo pati
Mekne Londo tambah edan nyebar pepati paman
Rakyat bayu lanang wadhon belo pati

Jogo pati Sayu Wiwit sayu geringsing paman
Kembange loyor pasrah nyowo mageri bayu
Carane gendhing karang abang bumi gonjang ganjing paman
Sahinggo ludes omah sawah dadi awu

Ojo dikiro rakyat terus turu
Ojo dikiro rakyat mendem candu
Tekate ate muruping bedewang
Merah putih podho gudrah dubang

Ojo dijiro rakyat leren nginang
Dendame ati mbedos sing wes tahan
Dadio udan mimis banjiro rah
Angur mati tinimbang nyerah

Wis wayahe kembang mawar podho mekar
Wis wahaye ayo konco podho nginang
Buruh tani dadi siji gegandengan
Mekne gelis tanah iki dadi abang
Yo podho nginang
0

0 comments:

Posting Komentar

Popular Posts